Assalamualaikum wr. wb.
Sugeng enjing dulur. Iki
peng pindo aku nulis tentang awakku. Ngenteni majune kepinteranku, sak iki aku
wes iso mesem marang wong seng ngudang aku. Ben jare dulur-dulur aku wong seng
sumeh, yo nek enek wong seng ngudang aku tak esem i ae. Pas ngerti aku mesem
opo guyu wong-wong podo kaget ngerti nek aku duwe dekik pipi. Tambah ayu ae aku
iki, hehehe.
Ngucap
syukur marang Gusti Pangeran ALLAH SWT seng sampun maringi kulo kesehatan lan
kepinteran. Ora lali matur suwun marang wong tuwoku seng sabar oleh ngopeni
aku. Mestio mbendino tak entut i, tak uyuhi, tak gugahi nek pas turu. Aku ra
iso bales jasamu, isoku mung dongakne supoyo wong seng wes apik karo aku tak
dongakne slamet ndonyo sampek akhirat mbesok, khusus e kanggo wong tuoku.
Dulur-dulur
sedoyo. Tulisan dino iki asline temane mung bersyukur lan pangucap matur suwun
marang wong liyo seng wes menehi kebecikan marang awak dewe. Smoga amale,
ibadahe, saget ditampi deneng ALLAH SWT. Cekap sak menten nggih, aku arep di
dus i karo bunda lan ayahku.