Minggu, 25 Januari 2015

Kelahiranku


Assalamualaikum wr. wb

      Sugeng enjing dulur-dulur kabeh... Dino iki mestine bakal dadi dino seng paling nyenengke kangko Ayah karo Bundaku. Amergo dino iki aku pertama kaline nyedot howo donyo. Lebih jelase dino iki dino kelairanku. Alhamdulillah aku lair normal jam setengah enem isuk.
Cekak critane pas dino jumat bengi tanggal 23 Januari 2015 jam sepuloh kae bundaku wes kroso mules-mules. Karo Ayahku langsung digowo neng Panti Bagija Ngawi. Teko kono diperikso lagi bukak siji. Karo mbah Uti kon ngamar ae. Jek wedi, soale putu pertama aku iki. 3 Dino Bundaku nglarani. Tanggal 24 Februari 2015 e lagi bukak 2. Sak umpomo aku ngerti lorone seng dirasakne Bundaku jan ra tego aku. Sampek akhir e tanggal 24 Januari 2015 bengi jam sewelas kae wes bukak pitu. Akhir e Bundaku kon moro neng ruangan bersalin dikancani Ayahku. Iku jam-jam seng paling nglarani, lan puncak e jam setengah limo kae Bundaku wes ngeden-ngeden amergo aku pengen metu.
      Sampek akhire tanggal Minggu tanggal 25 Januari 2015 aku lahir jam setengah enem isuk. Metu ko rahim langsung nangis banter aku. Sangking gak tego ndelok rekosone Bundaku ngetokne aku. Bar diresik i aku langsung diAzani karo diKomati karo Ayahku. Pintere aku wes gak nangis lo pas diAzani karo diKomati Ayahku. Tibak e Ayahku nangis saking senenge seng gak iso dijelaske gae omongan.
      Makakno poro sederek sedoyo. Ojo sampek wani karo Bunda lan Ayah. Lek eleng masa-masa podo karo aku dino iki mesti sederek kabeh ngerti jenenge pengorbanan nyowo kanggo Bunda neng anak e. Ribet e Ayah seng gak tau masak dadi kon masak dewe, lan tandang gawe biasane seng digarap Bunda yo digarap Ayah. Yo kanggo sederek sedoyo seng podo duwe salah marang wong tuo ndang podo nyuwun sepuro seng akeh. Keluarga iku wong seng paling sayang marang awamu.
      Cekap sak mene wae crito pertamaku ya dulur-dulur kabeh. Salam kena soko aku CAHAYA MALAEKA GHAISANI. Celukanku Dek Aya. Nek didelok soko jenengku wes jelas to lek aku wedok tur ayu pisan. Hehehehe...Monggo sedoyo, suwun...