Kamis, 05 Maret 2015

Mesam-mesem







Assalamualaikum wr. wb.
Sugeng enjing dulur. Iki peng pindo aku nulis tentang awakku. Ngenteni majune kepinteranku, sak iki aku wes iso mesem marang wong seng ngudang aku. Ben jare dulur-dulur aku wong seng sumeh, yo nek enek wong seng ngudang aku tak esem i ae. Pas ngerti aku mesem opo guyu wong-wong podo kaget ngerti nek aku duwe dekik pipi. Tambah ayu ae aku iki, hehehe.
      Ngucap syukur marang Gusti Pangeran ALLAH SWT seng sampun maringi kulo kesehatan lan kepinteran. Ora lali matur suwun marang wong tuwoku seng sabar oleh ngopeni aku. Mestio mbendino tak entut i, tak uyuhi, tak gugahi nek pas turu. Aku ra iso bales jasamu, isoku mung dongakne supoyo wong seng wes apik karo aku tak dongakne slamet ndonyo sampek akhirat mbesok, khusus e kanggo wong tuoku.
      Dulur-dulur sedoyo. Tulisan dino iki asline temane mung bersyukur lan pangucap matur suwun marang wong liyo seng wes menehi kebecikan marang awak dewe. Smoga amale, ibadahe, saget ditampi deneng ALLAH SWT. Cekap sak menten nggih, aku arep di dus i karo bunda lan ayahku.